Berita bahasa jawa : Gladi Resik Upacara Pengetan Dinten Kamardikan Ri

Berita bahasa jawa : Gladi Resik Upacara Pengetan Dinten Kamardikan Ri - Hallo sahabat Tips Lengkap Seo, Pada sharing kali ini yang berjudul Berita bahasa jawa : Gladi Resik Upacara Pengetan Dinten Kamardikan Ri, saya telah menyediakan Artikel lengkap dari awal sampai akhir. mudah-mudahan isi postingan Tips Lengkap Seo yang saya tulis ini dapat anda pahami.

Judul : Berita bahasa jawa : Gladi Resik Upacara Pengetan Dinten Kamardikan Ri
Artikel : Berita bahasa jawa : Gladi Resik Upacara Pengetan Dinten Kamardikan Ri


lihat juga


Berita bahasa jawa : Gladi Resik Upacara Pengetan Dinten Kamardikan Ri

Artikel Bahasa Jawa, Artikel Pawarta, Ngayogyakarta Puluhan pegawai ing wewengkon Pemda DIY, dinten Jemuah (15/8) enjing nggelar gladhi resik cecawisan upacara bendera pengetan dinten kamardikan Nagari Republik Indonesia ingkang jangkep kaping 69 taun. Miturut rantaman, upacara bendera pengetan dinten kamardikan punika badhe dipun gelar ing Kompleks Kepatihan, dinten Minggu jam 07.30 WIB kalajengaken Upacara Detik Detik Proklamasi dhateng Istana Negara utawi Gedhung Agung Yogyakarta.

Gladi resik upacara bendera pengetan dinten kamardikan Nagari Republik Indonesia ingkang kaping 69 taun, dipun gelar dhateng plataran Kompleks Kepatihan Ngayogyakarta, dinten Jemuah enjing. Kejawi dipun estreni dening puluhan pegawai nesgeri sipil saking wewengkon Pemda DIY, salebeting gladhi kasebat ugi dipun sengkuyung unsur TNI lan Polri. Miturut Kabag Humas Pemda DIY, Iswanto, upacara bendera pengetan dinten kamardikan punika badhe dipun gelar dinten Minggu watawis 07.30 WIB ingkang kalajengaken Upacara Detik Detik Kemerdekaan ing Gedung Agung Yogyakarta, kanthi Inspektur Upacara Gubernur DIY, Sri Sultan Hamengku Buwono X.



Iswanto ugi mratelakaken, upacara ing kompleks kepatihan punika kanthi petugas upacara ingkang dipun pilih saking pegawai eselon III ing Sekda Pemda DIY, wondene pengiring Lagu Indonesia Raya dening para pegawai saking Dinas Kesbanglinmas DIY. Sinaosa upacara pengetan dinten kamardikan punika dipun tindakaken ing dinten Minggu, nanging pemda ngajab sedaya bebadan pamarentahan lan pendidikan nggelar upacara bendera pengetan dinten kamardikan.

Fauzan Ahmad

Sumber: http://helda-blog.blogspot.com/2014/08/berita-bahasa-jawa-gladi-resik-upacara.html


Demikianlah Artikel Berita bahasa jawa : Gladi Resik Upacara Pengetan Dinten Kamardikan Ri

Sekian Tips Lengkap Seo Berita bahasa jawa : Gladi Resik Upacara Pengetan Dinten Kamardikan Ri, mudah-mudahan bisa memberi manfaat untuk anda semua.

Anda sedang membaca artikel Berita bahasa jawa : Gladi Resik Upacara Pengetan Dinten Kamardikan Ri dan artikel ini url permalinknya adalah https://tips-lengkap-seo.blogspot.com/2014/09/berita-bahasa-jawa-gladi-resik-upacara.html Semoga artikel ini bisa bermanfaat.

Tag : , ,